Minggu, 14 Agustus 2011

SHOLAWATAN BERSAMA GUSDUR


 
Astagfirulloh robbal barooyaa...
astagfirulloh minal khotooyaa...
Robbii zidnii 'ilman naafi'a
Wa waffiqni 'amalan sholicha

Yaa Rosulalloh salamun 'alaik
Yaa Roofi'a syaani wad daroji
Athfatay yaa Jiirotal 'aalami
Yaa uhailal juudiwal karomi...

Ngawiti ingsun... nglaras singiran,
Kelawan muji maring Pangeran
Kang Paring Rohmat lan Kenikmatan
Rina Wengine tanpa pitungan...

Duh bala kanca... priyo wanit0
Ojo mung ngaji syari'at blaka
Gur pinter ndongeng nulis lan maca
Tembe mburine bakal sengsara...

Akeh kang hapal Qur'an haditse
Seneng ngafirke mahdzab liyane
Kafire dewe gak digateke
Yen iseh kotor ati akale...

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepahese gebyaring donya
Iri lan meri sugihe tangga
Mula atine peteng lan nista...

Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide
Banguse sangu mulyo matine...

Kang aran sholeh bagus atine
Kerana mapan sari ilmune
Laku thoriqot lan ma'rifate
Ugo hakekat manjing rasane...

Al quran qodim wahyu minulyo
Tanpa tinulis bisa diwaca
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dada...

Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat rosul dadi pedoman
Minangko dalan manjinge iman...

Kelawan Alloh kang maha suci
Kudu rangkulan rina lan wingi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali...

Uripe ayem rumongso aman
Dununge rasa tandha yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinaqdir sangking Pangeran...

Kelawan kanca dulur lan tangga
kang padha rukun ojo daksia
Iku sunahe Rosul kang mulyo
Nabi Muhammad pamutam kita...

Ayo ngelakoni sekabehane
Alloh kamg bakal ngangkat derajate
Swnajan asor tata dzohire
Ananging mulyo maqom derajate...

Lamun palastra ing pungkasane
Ora kesasar ruh lan sukmane
Den gadang Alloh suargo manggane
Utuh mayite uga ulese...

Yaa Rosulalloh salamun 'alaik
Yaa Roofi'a syaani wad daroji
Athfatay yaa Jiirotal 'aalami
Yaa uhailal juudiwal karomi...